NAMA : FATECHATUL ULYA
KELAS : XI ADMINISTRASI PERKANTORAN 2
NO.
/ NIS : 09/11456
SINOPSIS NOVEL ” NGULANDARA” DENING
MARGONO DJAJAATMADJA
Novel iki diwiwite saka
nyritakakekeluraga ngasistenan sing lagi kena musibah ing wayah sore bapak, ibu lan anak yaiku Tien cekakan saka Supartinah
sing lagi numpak oto arep mulih ing Purwokerto. Nanging ing tengah dalan oto
mau mogok. Yaitu tepate ing tengah alas dhusun Kledung ing Lereng Gunung Sundoro
lan Sumbing. Bapakke wes bola-bali mbenerkake oto kuwi nanging tetep ora bisa
mlaku. Wektu iku udan gerimis. Anak mbek bojone sing ing njero oto mung meneng
lan ngomong sak perlune wae. Amarga judheg bapake ora bisa mbenerake oto,
dheweke ngenteni wong sing liwat lan gelem nulungi dheweke. Nganti langit wes
mulai peteng rung ono sing liwat ono kono. Wong telu sing lagi podo-podo meneng
rak let suwi ono cahya cemplorot saka mburi oto. Ibu lan anak banjur noleh
mburi weruh ono oto mandeg. Bapakke banjur metu lan arep njaluk tulung. Nanging rung nganti njaluk tulung, sopir kang
ono njero wes metu lan nawari pitulungan. Wong lanang sing menehi pitulungan
apik budine. Dheweke ndandani oto, lan sing nduwe oto malah di kon mlebu ing jero oto wae amarga isih gerimis, ora perlu melu
ndandani oto, lan sing nduwe oto malah kon lungguh ing jero oto wae, ora perlu ewangi. Ora let suwi
wong lanang wis iso ndandani oto iku. Ibune Tien sing arep ngai upah kanggo
pitulangan mau ora di tampa marang wong
lanang kuwi. Wong lanang kuwi banjur lunga numpak otone. keluarga Tien rumangsa
utang budi lan Rung sempat takon jeneng lan omahe wong kuwi nanging wes
kebanjur lunga. Sing dheweke ngerti mung oto kang ditumpakki wong kuwi nomer plate
daerah Parakan.
Keluarga Tien bungah
banget amargo otone wes iso mlaku meneh. Nanging dheweke isih penasaran karo
wong sing nulungi. Banjur keluraga Tien nuntutake oto sing nulungi mau. Nanging
oto kuwi mlakune banter dadi keluarga Tien ora iso nusul oto kuwi. Dhewekke
mung ngerti yen oto mau mlaku arah Magelang.
Akhire keluarga Tien neruske muleh lan arep ngai upah sokmben yen ketemu meneh.
Ing dina minggu, wanci
wolu isuk Nona asal Tiong hoa, yaiku Nyonya Oie Wat Hien teko ing Ngasistenan, Ngadirejo ing omahe Raden Ayu Asisten Wedana.
Nyonya Oie Wat Hien arep nawakake perhiasan. Uga arep nawakake otone. Jebule oto
sing ditawakake marang Raden Ayu Wedana iku oto sing nulungi dhewekke ing Dhusun
Kedung kalawingi. Raden Ayu Asisten banjur ngongkon pembantune, Kreta supaya
ngundang wong lanang iku supaya mlebu ing
omahe Raden Ayu Wedana. Pungkasane Raden
Ayu Wedana ora sido tuku otone Nyonya Oie Wat Hien, nanging Rapingun, wong kang
wis nulungi dheweke dikon dadi sopir pribadine.
Rapingun iku pemuda
sing kendel kerjane. Dheweke rajin ngrampungi pegaweyan omah. saka pegaweyan
nata perabot omah, ngecet meja, resiki omah nganti kayata resik lan rapi. Dheweke
nglakoni kuwi kabeh tanpa oleh perintah saka keluarga Tien. Wektu Rapingun lagi
mlaku-mlaku ing kandang jaran, dheweke
weruh kandang jaran lan ono jaran siji
kotor banget. Lagi ndelengake jaran ujug-ujug Raden Ayu Asisten teko marang
Rapingun lan njelaske jaran kuwi ora iso lulut, jaran kuwi liar banget. Wes akeh
wong kon ngopeni jaran iku, nanging ora iso tuntas. Arep didol wae jaran kuwi
orak ono sing arep tiniku. Rapingun ngerti yen jaran iku, jenenge Hel kuwi jenis jaran kang apik. Dheweke
nduwe niatan arep nglatih jaran kuwi. Raden Ayu Asisten menehi pameling maran Rapingun menawa jaran kuwi susah diatur,
gampang ngamuk. Tapi Rapingun tetep kukuh arep nglatih jaran Hel kuwi mau.
Ing dina minggu, kaya
biasane. Isuk-isuk Rapingun ngai mangan Hel. Jaran open-openene majikane kang
ora ke urus. Hel sing maune liar banget sakwise diopeni Rapingun banjur
sitik-sitik mulai lulut. Kreta kagum karo Rapingun. Sakwise ngai mangan jaran iku, Rapingun banjur masang tali ono ing Hel
supaya Hel gampang digowo metu saka kandang lan gampang dilatih. Kreta khawatir
yen mengkone Rapingun tatu amargo kelakuan liar Hel. Hel digowo Rapingun ing
pelataran omah kanggo dilaitih. Sakwise rampung dilatih Hel digowo muleh lan
dikei ngombe kang wes dicampuri uyah. Hel ngombe akeh nganti meh sak ember. Sak banjure Hel
dilebokake kandang meneh karo Rapingun. Keluarga Tien sing weruh mung iso
gedheg-gedheg weruh perilakune Rapingun kang apik banget.
Ing salah sijine dina
setu, keluarga Raden Bei Asisten Wedana oleh surat Saka Bu Mantri Gudhang sing
ora liya yaiku Bibine Raden Ajeng Tien. Isine surat iku supaya dheweke teko jemput Bu Mantri Gudhang. Raden Ayu Tien lan
Rapingun sing arep melu lunga jemput ora sido amargo ibune lagi gerah. Dheweke
budhal mangkat ing omahe Bu Mantri Gudhanging daerah Magelang jam lima
sore. Dheweke tekan Alun-Alun Magelang kiro-kiro jam pitu bengi. Ing alun-alun
mandheg sedelo ndelok, nikmati suasan
alun-alun Kota Magelang kuwi. Sak
banjure dheweke nerusake perjalanan ing
omahe Bu Mantri Gudhang ing Bayeman. Tekan omahe Bu Mantri Gudhang, wong-wong
kuwi diajak dhaharan bengi, tapi ora pada gelem. Sak teruse Bu Mantri Gudhang lan
bojone ngajak mlaku-mlaku ing alun-alun nonton pasar malem.
Ing pasar malem
alun-alun Magelang, ora ono sing ngerti yen Raden Ajeng Tien diawasi pemuda
loro. Rapingun sing ngerti hal iki banjur ganti ngawasi pemuda loro iku. Sakteruse
Raden Ajeng Tien ngajak Bu Mantri Gudhang, bojone Bu Mantri Gudhang, lan Rapingun
metu saka kerumunan pasar malem alun-alun Magelang. Alasane Raden Ajeng Tien arep tuku
ombenan. Bu Mantri, bojone lan Rapingun nuruti ajakane Raden Ajeng Tien. Wong telu
iku lunga menyang restoran. Pemuda loro
sing awet mau ngawasi Raden Ajeng Tien uga nututi wong telu menyang restoran
sing arep ditukoni ombenan Raden Ajeng Tien. Raden Ajeng Tien weruh pemuda loro
iku banjur keweden lan khawatir. Sakdurunge metu saka restoran salah sijine
pemuda kuwi nggowo kertas lan ditibakake kertas ing pangkunane Raden Ajeng Tien.
Raden Ajeng Tien maca kertas iku lan buwang kertas iku. Rapingun kaget weruh
kedadeyan iku. Rapingun ngiro yen Raden Ajeng Tien nduwe hubunagan karo pemuda
loro iku lan ono masalah ing hubungan kuwi. Sakwise Raden Ajeng Tien mbuwang
kertas iku, wajahe katon khawatir, cemas, lan keweden. banjur Raden Ajeng Tien diajak mulih ing Bayeman. Sak
tekane ing omah Bu Mantri Gudhang, Raden Ajeng Tien pamit njaluk balik omahe.
Raden Ajeng Tien karo Rapingun banjur mlebu oto lan bali menyang omah.
Oto Overland sing
ditunggangi Rapingun lan Raden Ajeng Tien mlaku banter tumuju omah. Ing jarak
sitik tumuju secang ujug-ujug ono mobil nglaksoni saka mburi. Raden Ajeng Tien banjur
noleh memburi, dhewekke weruh motor sing arep nyelip oto sing dheweke
tunggangi. Banjur Raden Ajeng Tien ngomong marang Rapingun supaya otone
dialonkake, karepe ben motor mburi sing mau nglaksoni bisa nyelip otone
dheweke. Sakwise nyelip otone Raden Ajeng Tien, motor mau ora langsung mlaku
lunga, nanging ono posisi ngarep otone Raden Ajeng Tien ing jarak ora ono
sekilan. Rapingun ngrasa yen oto sing ditunggangi nyerempet motor kuwi. Rapingun
kaget sakwise ngerti yen sing nunggangi motor sing dheweke srempet iku pemuda
loro sing dheweke weruhi ing pasar malem alun-alun Magelang mau. Raden Ajeng Tien khawatir lan
nyedaki Rapingun. Pemuda loro iku nyegak oto sing ditunggangi Rapingun lan Raden
Ajeng Tien. Rapingun mandekake oto sing ditunggangi. Pemuda kuwi ngacungke
pistol. Pemuda perkasa iku jenenge Harjono, nyedaki Raden Ajeng Tien. Dheweke ngomong
yen Raden Ajeng Tien wes ngloroni atine Harjono amargo Raden Ajeng Tien nolak Harjono
dadi bojone. Pemuda kuwi ngamuk marang Raden Ajeng Tien. Sakbanjure Raden Ajeng
Tien njaluk pitulangan marang Rapingun. Banjur Rapingun lan pemuda kuwi gelut. Pemuda
perkasa kuwi tibo. Banjur Rapingun cepet –cepet mlebu oto lan neruske
perjalanan muleh. Perjalanan isih tekan Temanggung, Rapingun ngendekake oto sing ditunggangi kuwi. Sak menika Rapingun lemes, semaput, orak
sadarkan diri. Keadaan awake Rapingun lemah, amargo kena antem balok kayu
akibat saka gelutan nglawan Harjono mau.
Raden Ajeng Tien sing ngerti keadaane Rapingun banju\r ngai minyak. Sak wise
rapingun sadar, Raden Ajeng Tien mijeti tangan rapingun lan ngobati tatune nganggo stangen. Banjur wong
loro iku nerusake perjalanan mulih omah
Sakwise tekan omah,
Rapingun ditakoni marang Raden Bei Asisten Wedana sebab opo tangane tatu. Banjur
Rapingun njelasake kedadean sing wis dialami bareng karo Raden Ajeng Tien.
Raden Ajeng Bei banjur nambani sak isone tatu ing tangane Rapingun. Isuke
Rapingun digowo Raden Bei Asisten Wedana Ing Rumah Sakit.
Wes ono seminggu
Rapingun dirawat ono rumah sakit. Saben dinane Raden Ajeng Tien niliki Rapingun.
Raden Ajeng Tien uga ngrawat Rapingun. Raden Ajeng Tien ngurusi kabeh kebutuhane
Rapingun. Suatu wektu Raden Ajeng Tien menehi
surat marang Rapingun. Mitirut penjelasane Rapingun, surat kuwi kanggo Raden
Mas Sutanta. Raden Ajeng Tien uga menehi Rapingun kalung kanti bandula bentuk
ati kanggo tanda persaudaraan antarane wong loro kuwi.
Wes telung minggu Rapingun
dirawat ono rumah sakit. Setengah wulan sak lanjute Rapingun mulai sedih. Saben
bengi Rapingun nangis. Rapingun ora iso
turu amarga mikirke keluargane sing ana ing Solo. Rapingun ngrasa yen dheweke
wes suwi ninggalake keluargane. Raden Ayu Asisten sedih banget weru kondisine
Rapingun. Rapingun njaluk ijin mulih ing Pacitan. dhewekke etok-etok omahe ing Pacitan.
Raden Ayu Asisten nyetujuni panjaluke Rapingun. Dhewekke ngai bekal kanggo
Rapingun mulih oamh.
Wes ana sewulan
rapingun ninggalake ngasistenan. Sakbanjure rapingun ngirim surat kanggo Raden
Ayu Asisten. Raden Ayu Asisten bingung kenapa surat iku alamate saka Cirebon,
ora saka Pacitan. Raden Ayu Asisten ngakon Raden Ajeng Tien maca surat saka Rapingun sing
isine Rapingun NGULANDARA nggoleki Raden Mas Sutanta. Dheweke njaluk restu
marang keluarga Ngasistenan kuwi.
Sak wise nem wulan, ing
dino minggu Raden Mas Sutantan teko ing omahe Den Bei Mantri Guru ing Kampung
Kwijen kanggo sekedar omong-omongan amargo wes suwi ora ketemu. Wektu Raden Mas
Sutanta ing kamar mandi, Raden Ayu Asisten lan Raden Ajeng Tien teko. Sak wise
raden mas sutanta metu saka kamar mandi dheweke kaget weruh raden ajeng tien. Raden
Mas Sutanto lan Raden Ajeng Tien banjur sikepan. Den Bei Mantri Guru ngenalke Raden
Mas Sutanto marang keluarga Ngasistenan iku. Jebule Raden Mas Sutanto iku Rapingun.
Karo sikepen siset Raden Ajeng Tien Lan Raden Mas Sutanto nangis seneng haru.
Sakwise ono wolung
wulan Raden Mas Sutanto arep pamit kerja. Wektu kuwi Raden Mas Sutanto wes
nikah karo Raden Ajeng Tien. Wektu iku Raden Mas Sutanto wes koyo putra
keraton. Nganggo pakain koyo putra keraton sak benere. Raden Mas Sutanta urip
kanthi pirang-pirang kabagyaan karo Raden
Ajeng Tien.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar